Rabu, 12 September 2012

DHUH..

Dhuh.. dhuh biyung..
Apa sira lega lila
manawa jalma manungsa
wus kalimengan tata krama
Ora nyandhang rasa lingsem,
bisane gur mesam-mesem
Nandang gawe ora gelem
Budaya timur kapendhem

Dhuh.. dhuh rama..
Apa sira lega lila
manawa jalma manungsa
wus kalimengan tata krama
Bisane rebutan bandha,
ora duwe aji rega
Kadya pandhawa lawan kurawa,
wasanane prang Baratayuda

Donya wus kasoran, kebak wong-wongan
Surasa blenja, apus, ludira, wadya danawa,
ala.. ala.. ala ketara

(April 2012 by: Apriliana Indri Hapsari)

1 komentar: